Kanggone inyong rika padha wis ora gumun maning angger krungu tembung watu akik. Mergane wektu kiye wong-wong lagi padha demam watu akik. Njur neng pasar utawa neng emper emper toko njeprah bakul sing dodolan ali-ali watu akik. Kejaba kuwe neng koran, telepisi, majalah isine mung njlentrehna babagan watu akik lan gambar sewernane.
Ning tumrape Sinem babagan watu akik babar blas urung tau weruh wujude, mergane wong ndesa ora cokan kloyong maring kota kayadene Puraketa utawane Clacap. Alesane jere dumeh angger numpak bis kuwe cokan mutah. Karone beras lan janganan duwe dhewek. Arep tuku sandhangan bakul ideran kanti gemrayah. “Ujare Sinem.” Sinem jane bocah pinter tur pikirane nyandhakan. Ning mergane sekolahe mung gutul kelas 4 SD buak jalaran cokan di wadani batire lamona wis prawan esih sekolah. Dhasare bocah grumuh tur madan mloes njuran akeh sing neksir. Bareng delamar maring wong tuane njur detampa. Sinem dejodhona karo Daslam anake Kaki Mertasemita. Wektu kuwe Sinem njur umah umah. Ora wetara lawas nduwe momongan, kebener anake lanang njur de jenengi Eka. Bareng wis gedhe Eka ora betah neng desane banjur metu sekang tanah Jawa golet gaweyan neng kana, jerene dadi juru tulis neng sewijining prusahaan. “ujare ramane Sinem njlentrehna” Sinem karo Daslam ning umah kari wong loroan.
Wetara jam sanga wengi Daslam wis turonan neng risban cedhek meja nyandhing ududan. Awake krasa leseh merga ngawane bar macul sawah. Sinem sing nonton telepisi dhewekan mbari lesehan neng klasa. Kebener wengi kuwe tayangane apik-apik sing dadi kesenengane. “Pikire Sinem.” Apamaning bareng ana tayangan watu akik. Dheweke wis ngrungu kang “gosipan” lamona sekiye akeh wong dadi sugih utawa kasembadan kekarepane merga watu akik. Mulane njur digatekna temenanan. Bareng tayangane wis rampung dheweke nyeluki Daslam sing lagi turonan. Bapane? “ kekuwe nyeluke”. Daslam semaur: anu apalah, arip-arip!!! “dheweke tetep turonan.” Kiye sugen age-age menyat bar siaran watu akik sing nyenengi pisan! “Sinem setengah maksa.” Njur Daslam mereki Sinem sing esih melolo neng arepan tetepisi.” Ana apa jane? ”Daslam takon.“ Kekiye, aku bar ngrungokna siaran watu akik nyenengi retung, pengin ngrungu critane ? “ujare Sinem”. Jajal kaya ngapa! “Daslam penasaran.” Njur Sinem ngandhahna kekiye:
Sebenere watu akik kuwe wis de kenal wong wiwit jaman gemiyen. Jerene wong sing nganggo ali ali sekang watu akik nduweni daya kanuragan uga bisa nambahi kawibawan tumrape sing nganggo. Mbuh bener lan orane uwal sekang mitos utawa mung merga sugesti, neng taun 2010 an watu akik dadi primadhona. Lah wiwit semana wong padha latah kabeh-kabeh padha pengin nganggo ali-ali watu akik.
Apa maning bareng krungu wong gedheyan kayadene Presiden Susilo Bambang Yudhoyono lan Barrack Obama uga nganggo ali-ali watu akik, njuran wong tambah gimir pengin nduweni. “ Ujare Sinem kandha.” Kejaba keendhahane miturut crita sing turun temurun watu akik uga nduweni kasiat manut karo wernane. Watu akik warna putih lan bening bisa mawakna rukune wong umah tangga. Watu akik warna wungu bisa gawe awaking wong ora cepet kesel. Watu akik warna kuning bisa nambah perkasane wong lanang. Watu akik warna ijo bisa nuwuhna rasa tresnane anak maring wong tua, lan esih akeh kasiat warna liyane, aku ora kemutan. “ Sinem nambahi critane.” Kanti ora kemutan wektu, Sinem ndeleng jam neng pager wis jam sewelas. Njur padha mlebu senthong mapan turu. Bareng wis mapan turu, Sinem tah trus turu lali. Ning Daslam ora gelem turu-turu senajan mripate de rem-remna, Dheweke esih kegawa neng angen-angen critane Sinem. Bareng kaya kuwe dheweke njur kemutan lamona gemiyen wektu dheweke gawe baturan umah nemu watu sing wernane ijo. Wektu kuwe wong sing padha kedhuk gawe batur padha mengen, watu koh apik temen? “ Daslam kemutan”. Bareng de emut-emut njur ketemu pikir lamona watu kuwe dependhem go tretes ning pinggir gili ning arep umah. Maklum wektu semana urung ana wong nggoleti watu sing payu dodolane. Bareng wis nglantur gole ngemut-emut, Daslam tembe bisa turu. Bareng wayah esuk, krungu jago kluruk, Daslam banjur nggugahi Sinem. Mboke… wis enggal awan, mayuh padha menyat adang? “Daslam ngajek Sinem.” Wayah apa si kiye? “ Sinem karo ucek-ucek”
Genah wis prantang-prantang, mayuh gegiyan menyat? “ Daslam nyemauri”. Njur wong lorone metu sekang senthong runtung-runtung maring pedangan. Sinem mesusi beras, Daslam sing mong geni neng pawon. Daslam karo njagong jengkok ngadhepi pawon. Bar mesusi Sinem njur njagong amben pedangan karo ngenteni dandange gemrangsang. Sewise ndeleng Sinem wis napungna beras neng kusan dekekebi, Daslam banjur mimiti crita lamona gemiyen nemu watu neng baturan, njuran go tretes gili. Sinem banjuran nyandhak critane sing lanang lan mbenerna, merga dheweke ya esih kemutan. Nah kiye kaya tumbu nemu tutup. “Daslam nyetujoni.” Bareng wis awan Daslam njukut linggis kanggo nyocog-nyocog lemah goleti dhodhoke watu. Ora wetara suwe watune ketemu esih ajeg wernane mung bedane wis sigar dadi loro, mergane ketotog linggis. Nah kudeneng ketemu Pa…? “ Sinem karo melu seneng.” Banjur watune debresihi njuran desimpen neng lemari prongkas de aling-alingi grabah sing kanggo pajangan.
Mbuh ana lakon apa Sinem njur kemutan anake sing wis telung lebaran Puasa ora balik. Mbangkanengan anake tanggane sing neng jejere, saben lebaran padha balik. “Pikire Sinem jroning ati.” Nah pokoke lebaran ngesuk anaku kudu balik, aku arep takon dhukun Mbah Bejo. Biasane dejaluki tulung wong sing lagi padha kaniaya. “tekade Sinem.” Banjur ora sewawi maring Daslam, Sinem githir maring umahe Mbah Bejo karo nggawa watu akik, jarene telepisi watu akik ijo kuwe bisa nuwuhna rasa tresnane anak maring wong tua. ”Sinem kelingan.” Bareng wis gutul umahe Mbah Bejo njuran uluk salam, Assalamu’alaikum? dejawab Wa’alaikumus salam, “Mbah Bejo mangsuli.”
Bareng wis kon njagong Sinem njur ngomong: Kekiye Mbah, anak lanangku wis telung lebaran Puasa ora balik, aku njaluk tulung de trekahi men lebaran ngesuk tah bisa balik ketemu wong tuwa. Aku nggawa srana watu akik “ujare Sinem karo deulungna.” Nah.. kiye klebu klas watu akik zamrud pancen gedhe kasiate “ujare Mbah Bejo.” ning umah esih ana tunggale apa mung siji thok? “Mbah Bejo takon maning”, esih gari siji Mbah?”ujare Sinem” Mengko kekiye ya? Aku dewei siji go nrekahi sekang kene, ko ya nrekahi sekang umahmu. Carane gampang, neng wetone anakmu, watune dekum banyu bening degawa latar banjur demantrani, deucapna ping telu “ Mbah Bejo mulangi elmune.” Mantrane kepriwe Mbah? “Sinem penasaran.” Banjur Mbah Bejo mulangi mantrane, Sinem kon ngecomi kekiye: Kuncang kangcing kuncang, ora nguncang kidang menjangan, nguncange anak lanang, tekane sekang tanah sabrang, teka blunus waras bedigas. Mung kaya kuwe thok, gampang mbokan? “ujare mbah Bejo.” Rampung diwenehi elmu njur Sinem balik ngumah. Sesuwene Sinem nang gone Mbah Bejo, Daslam ora ngreti mergane lagi neng sawah wiwit esuk durung balik. Pas malem wetone anake, Sinem nglakokna prentahe Mbah Bejo, ning repit karo Daslam. Gole ngucap mantra lirihan mbok Daslam emut.”ujare Sinem.”
Neng dina liyane Daslam esih ngrampungi pegaweyan neng sawah. Kaya adat sabene mangkate gasik nyangking rantang isine sega selawuhe, karo ketel isi wedang kanggo madhang ngawan. Pas lagi babad sawah, krungu swara kencrang-kencring neng kali cedhek sawahe.
Bareng deungak temen jebule ana bujangan lagi nuthuki watu. Daslam mereki, mbari takon. Mas deneng watu dethuthuki degoleti apane ya? “ Takone Daslam.“ Anu Kang, mbok neng jero ana watu akike. ”Ujare Bujangan mbari nyekeli martil.” Daslam njur kelingan nduwe simpenan watu akik neng lemari prongkase. Saking penasarane, Daslam njur crita maring bujangan kuwe, menawa dheweke duwe watu akik. Mas, aku duwe watu akik wernane ijo, gelem tuku Mas? “Daslam nawani” Duwe pira Kang? “Takone Bujangan.” Duwe rong blundhu, gedhene lewih sekepel inyong. “Ujare Daslam lugu” Kekiye Kang, senajan aku durung weruh wujude, rika tek wei panjer dhuwit sing penting aja dedol wong liya ya?. “Tekade Bujangan.” Ya mengko dhisit aku rembugan karo mboke Eka neng umah. “Semaure Daslam.” Kekuwe kena, sekiye aku njaluk nomer hapene bae mengko tek tekani neng umah. “Ujare Bujangan.” Banjur Daslam kodhok-kodhok sak kathok nglorod hape Nokia sing esih jadhul, njur nomere diwehna.
Sewetara wayah bada asar, Daslam balik ngumah urung adus acan njur niliki watu sing desimpen neng lamari prongkas. Bareng detiliki, Geneng mung gari siji? “Pikire Daslam sejeroning ati.” Urung kewektu takon maring Sinem, ana wong dhodhog-dhodhog lawang karo uluk salam, “Assalamu’alaikum” terus desemauri “Wa’alaikumussalam” bareng debuka lawange jebule Bujangan sing ketemu neng sawah. Mangga Mas, njagong dhisit, aku be tembe gutul urung salin klambi acan “ Ujare Daslam karo gagap gugup.”
Bareng tamune wis njagong, Daslam njur nemoni Sinem lagi rikat neng pedangan. Njur Daslam takon: mboke,… deneng watu neng lemari prongkas mung gari siji? “Takone Daslam.” Wektu kuwe Sinem wis wiwit kewatir maring tumindake sing ora sewawi karo sing lanang. Anu….anu…tek jukut aku Pa? “ Semaure Sinem karo ndhengkluk kemarasen.” Jane Daslam arep ngomong akeh, ning merga lagi ana tamu ya deendhek-endhek mbok dadi dalan padu. Njur Daslam metu mbale nemoni tamune lamona rembugan watune deangkil liya wektu bae. Tamune ngetuti karepe Daslam banjur pamitan balik. Wektu kuwe Daslam molai muntab, ngudhug-udhug, raine mbrambang. Ora tedheng aling aling njur nyengap Sinem, karo ngucap werna-werna. Jane watune de wehna sapa? Apa de dol go slingkuhan? Pancen angger wong ora mangan sekolahan ya cupet nalare!! Angger kaya kuwe lagune balik bae maring wongtuwamu, Aku ora sudi !!…” Ucapane Daslam ora karuhan.” Sinem mung ndhengkluk mbari nangis luhe dleweran.
Tankocapa wektu Daslam lagi mampang-mampang ngomehi Sinem, Pak RT ne liwat neng arepan umah, bareng krungu wong padu njur mampir. Banene kayong aos ana apa si Kang? “Pak RT takon permasalahane.” Kekiye Pak RT, Sinem detakoni ora terang-terangan, gawe ora beres neng keluwarga. “Daslam wadul neng RT ne.” Banjur Sinem mbela awake dhewek, Yong Bapane Eka ujug-ujug montong-montong, malah ngumpa-umpa jere aku wong ora mangan sekolahan mbarang. “Ucape Sinem banget ning gela. ” Mula bukane jalaran apa koh dadi kujrud kaya kiye. ”RT ne ndhesek wangsulane wong sekeloron.”
Njur Sinem karo Daslam padha dene crita jalarane. Oh….jebule kaya kuwe…?? “ RT ne molai gamblang.” Mulane mayuh padha derembug aja kesuh. Deemut-emut ya? Sepisan, angger ana masalah neng keluwarga ora perlu nggawa-nggawa wektu sing wis kepungkur dadi nambahi buthek ning pikir. Pindhone, najan Yu Sinem kangen karo anake, ora perlu de trekahi maring dukun. Kuwe bisa ngrusak keyakinan agamane rika padha. Sekiye ayuh padha mikirna sing arep teka bae, mbangun keluwarga sing tentrem. Ping telune, Rika gemiyen ora rampung SD acan, ya anak putune kon padha sekolah se ora-orane gutul SMP. Ngetuti Wajib blajar 9 taun. Sukur bage nerusna maring lanjutan, lewih kupama maning bisa kuliyah. “RT ne mulangi babagan pendhidhikan” Njur Sinem karo Daslam nyadari, padha salaman njaluk ngampura desekseni RT ne. Kesuwun ya Pak RT, inyong dadi tangi pemikire. “Ucape Sinem karo Daslam.” Ya padha padha, inyong ya cokan akeh lupute ngampurane bae . “ujare RT ne”. Njur RT ne weling; Mengko angger ana kegiyatan seksi pendidikan RT inyong mengeti dina Pendidikan Nasional neng tanggal 2 Mei mangga padha de sengkuyung kegiyatane, weragade seubarampene ya? Siaaaap…Pak RT !! “Sinem karo Daslam mangsuli kompak.” Njur RT ne pamitan balik ngomahe, jroning ati krasa marem merga wargane padha guyub rukun maning.۞
Slamet, S.Pd
Wong Dermaji
Kecamatan Lumbir